NGUDANG WIDADARI NURUNAKEN UDAN
Oleh Kahudi
Sisih kulon layunge
mencorong abang semu kuning, kuning semu abang. Mblerengi sesawangan. Tembung
jere, angger ana layung, kudu gawe pedhiang geni oman. Merga ngger ora gawe
pedhiang bisa maraih beleken. Senajan kur tembung jere, ningen bola-bali
kedadian ngger mangsan layung, akeh wong padha beleken. Matane padha abang
rebes kaya matane kaki semar. Jere.
Wektu semono Nini
Randha Dhadhapan njagong ngethepes karo nginang leweh-leweh nang batur umahe
sing mung ceblokan saka papat karo nyawang geni pedhiang sing mongah-mongah.
Kukuse ubleng mendhuwur kaya rebutan gutul nglangit banjur ilang kebuncang
angin sore sing semilir gawe kekesing ati. Pikirane Nini Randha kayong suwung.
Sawah secliwik sing dinggo gantungan urip wis garing clengkring, nela go umah
jangkrik. Suwening suwe kewetu nyebawa, “O alah Gusti, Gusti, deneng kaniaya
temen urip inyong. Ngrengga awak segluntung bae rekasa”.
Ningen Nini Randha
banjur mikir lewih jero, “Iya, inyong urip dhewek, ora ngrengga kluarga. Lha
kae, Kaki Setra, Kaki Naya, Si Dhadhap, Si Waru, sing anake padha pathing
kreyik esih cilik-cilik. Jajal, padha mangan apa, marah.” Nini Randha Dhadhapan
nglenggana. Mbok menawa wis dadi garising pepesthen. Urip kudu dilakoni.
Menungsa nang alam dunya lir wayang saumpamane. Kur gari manut karo si dhalang.
Abang birune uriping menungsa nang astane Gusti Sing Kwasa.
Embuh sekang endi
parane, ujug-ujug ana prebawa sing manjing maring raga wadhage Nini Randha. Ora
tau-tau kaya kempi-kempi tekane widadari sing mung ana nang dongeng. Kaya ngapa
saumpama ana widadari sing ngancani uripe. Nyekseni urip sing kelunta-lunta.
Nyekseni impen-impen endah sing mung kandheg sajroning turu. Nyekseni pati
sajroning urip, urip sajroning pati. “O, alah, Gusti, nyong kepengin urip
dikubengi widadari sing ayu moblong-moblong. Lunga teka mawa dalan ngkuwung sing
ngganther mlengkung.”
Nini Randha njur
gregah menyat, keplas, mlayu maring pedangan njukut irus. Enjet nang wadhah
kinang werna putih memplak, didulit, njur dioles-olesna nang bathok irus, digawe
kaya raining menungsa. Setleraman mripate weruh ana oman nang ndhuwur para,
banjur dijikot. Olih njikot, sikile dijinjitna, ning ya tetep ora gutul. Njur dilanjak-lanjak
ping kopang-kaping. Sikile sing ireng belok-lepot ketutupan tapih pinjung katon
trengginas. Kaya sikil kidang sing lagi pencolotan nang ara-ara amba andum
kabagyan. Oman segebung wis kena diranggeh, terus dilolori nyiji-nyiji, dianam dadi
rambut, dadi klambi, dadi tapih. Irus sing maune mung bedhama kanggo olah-olah,
siki jebles kaya wujuding wadon.
Bola-bali disawang.
Lambene sing nyonyor merga nyusur mencas-mencos kayong agi ngomong sing ora
kewetu. Kaya ana kekarepan sing urung kesembadan. Praupan bombong dadi keton
suntrut. Ujug-ujug rerupan wadon sing digawe sekang irus mau digawa metu
nglatar dibalangna maring lebuh. Nini Randha bali njugug kaya watu nang eper
umah sing mung payon welit kuwe.
Nang sisih lor
katon umahe Nini Sinah. Lawange sing nang ngingsor pompok katon dibukak. Ana
ayam agi padha gandhik nang ngarep lawang. Jago sing katon gagah pideksa nucuk ndhas,
munggah gegere ayam wadon. Nyipati garising pepesthen nerusna keturunan.
Nini Randha mesem.
Kelingan rasa sing tau dianam bareng karo Kaki Kastari, guru lakine sing siki
wis dipundhut Sing Kwasa. Ayam skloron wis padha saba dhewek-dhewek, ning pikirane
Nini Randha esih nggladrah maring jaman ngkuna sing wektu saiki ora bakal klakon
maning. Dheweke rumangsa dadi widadari sing ayune tumpuk-undhung. “Inyong sipat
widadari. Tumurun sekang kahyangan nunggang ngkuwung adus nang sendhang.”
Impen tekane
widadari banjur teka maning. Nyawang langit, kaya ana widadari sing mabur tanpa
lar. Mripate diucek-ucek kanggo ngilangna wewayangan sing kaya kasunyatan.
Setleraman nyawang ngalor kaya ana widadari nang pucuk gunung Slamet sing kemul
mega. Semena uga nang sisih wetan, nang lengkehing gunung Sindoro-Sumbing kaya
ana widadari agi padha srimpen. “O, alah Gusti. Ngalamat apa kabeh kedadiyan
kiye. Apa bener widadari ana nyatane, apa mung dongeng sedurunge mapan turu?”
Nini Randha banjur
anut keteging batin. Sikile tumapak, mlaku ngener maring umahe Nini Sinah.
Gutul ngarep lawang banjur ngayeg-ayeg, ora ngreti agep ngapa. Cangkeme
blangkemen. Mripate mung keyap-keyip nang tengahing sepi sing tanpa sebawa. Sing
keprungu mung swarane jago kluruk lan manuk prenjak ngganther-ngganther
sesauran. Umah kayong suwung, ningen lawange dibukak. Nini Sinah nang endi
anggeren. Agi turu, apa agi bruwun go lawuh nyore.
Nang ontob pager
pedangan katon bedhama go olah-olah pathing srelap. Ana soled, ana sorok, irus,
lading lan liya-liyane. Pikirane Nini Randha sing maune ngewangwung, ujug-ujug mak
gregah kemutan rerupan wadon digawe sekang irus sing dibuang maring lebuh. Batine
ngucap, “Lha kiye, ana irus sing cocog digawe rerupan widadari kaya sing
diimpi-impi.”
Tumpal tapihe decincingna,
banjur mlebu maring pedangan mlaku cingkigan. Tungkake sing belaken dijunjung
dhuwur, kedhemek-kedhemek, njukut irus sing semelap nang ontob. Garan irus sing
esih ngleni ana lenga campur banyu bat nggo olah-olah, dicekel. Ceg. Banjur
didudut. Lerrr... lolor sekang selapan. Gageyan Nini Randha ngetepet bali
ngumah. Gutul pedangan, enjet sing nang padon, oman sing ngglethak nang jogan
disaut gesit. Sedhela bae rerupan wadon sing nganggo irus wis dadi. Jebles kaya
widadari sing nang pangimpen.
Dinane sengsaya
sore, wayah surup srengenge. Pitik iwen wis padha ngandhang. Tangga teparo wis
padha ngaso. Ningen Nini Randha malah metu ngumah nggawa irus widadarine. Ora kemutan
adus, ora kemutan nyore. Irus widadarine tansah digamblong-gamblong kanthi
tetembangan:
Sulasih sulanjana kukus menyan ngumdhang dewa
Ana dewa ndaning sukma widadari tumuruna
Runtung-runtung kesanga sing mburi karia lima
Leng-leng guleng, gulenge somakaton
Gelang-gelang nglayoni, nglayoni putria ngungkung
cek incek raga bali rogrog asem kamilaga
reg-regan rog-rogan
reg-regan rog-rogan
Isi tembange Nini
Randha Dhadhapan ngemu surasa ngundang tekane widadari. Eloking kahanan, tembang
dadi japa. Irus sing asale mung dikudang, kari-kari teyeng obah dhewek.
Njungla-njungla kaya dhong agi dikudang. Tangane Nini Randha sing asale
ngetokna tenaga ngunggahna karo ngudhunna irus, siki kosok balen, genti digawa
munggah mudhun nang irus sing wis kepanjingan widadari. Tembange Nini Randha
sengsaya seru tur banter, bareng karo njunglane irus.
Pirang-pirang wengi
Nini Randha ngudang irus sing kepanjingan widadari. Nang wengi sing kaping pitu,
langit keton ngregemeng ireng. Hawane sing biasane atis njekut, wengi kiye kayong
bringsang. Wulan sing padatan kinclong-kinclong padhang, saiki peteng ndhedhet
ketutup mendhung. Tembange Nini Randha ora mandheg, malah sengsaya gothot
jumbuh karo njungla-njunglane si irus.
Hawa bringsang
suwe-suwe malik dadi tremun-tremun grimis. Nini Randha krasa ana grimis ning ngarani
mung uyuh kinjeng. Jaragan agi terang klathak. Dheweke lewih nggetem ngudang
widadari kasihane. Ora let suwe, grimis sengsaya deres, dadi udan gemrejeg.
Lemah dadi teles mili banyu. Gegodhongan keton murub kesorot senthir sing
dicanthelna nang anaman pager. Ambune lemah sing mbeke kenang banyu udan arum
awangi. Ambu sing banget diimpekna nang kabeh kaum tani.
Werta ngenani Nini
Randha unggal wengi ngudang irus sing maraih udan gelis semebar. Presasat kabeh
wong kepengin weruh kaya ngapa irus sing kepanjingan widadari mau. Bareng weruh
padha semlengeren. Iruse jebul didandani, diperang-perong, dicawang-cowong. Mulane
banjur diarani cowongan. Pawongan nang laladan Banyumas precaya menawa ana
terang lawas, men gageyan udan padha niru Nini Randha Dhadhapan, gawe cowongan.
Widadari sing manjing maring wujud wadhag irus diprecaya nekakna udan sing
asale sekang ngkuwung sing go liwat sekang kahyangan mudhun maring alam dunya. CUNTHEL.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar