Senin, 07 Oktober 2019

NASKAH CERITERA KETHOPRAK BABAD BANYUMAS


NASKAH CERITA KETOPRAK BABAD BANYUMAS
“ JOKO KAIMAN WISUDA “

ADEGAN I
Joko Kaiman sedang duduk istirahat dan merenung untuk meneruskan perjalanan menuju Kejawar, karena akan menikah dengan Putri Wirasaba yang bernama Rara Kartimah. Antara sadar dan tidak dalam lamunannya ia mendengar suara gaib yang menyatakan bahwa Joko Kaiman nantinya akan menjadi seorang yang “Pinunjul” dan sangat dihormati oleh sesama. Tak terasa dipangkuannya tergeletak sebuah Pusaka/keris tanpa warangka. Dalam suasana terkejut, datanglah seorang tua yang menjelaskan asal-usul pusaka itu. Orang tua itu adalah Kyai Tolih. Pusaka sebagaimana dimaksud adalah Keris Kyai Gajahendra. Ki Tolih berpesan agar dapat menjaga dan memanfaatkan keris itu untuk membela kebenaran. Perjalanan Joko Kaiman diteruskan ke Kejawar.
( Joko Kaiman lungguh sangisoring wit ing pinggir Desa Kejawar, semedi nyuwun pitudhuh nggennya arep ngadhepi lelakon urip, arep dadi mantune Adipati Wirasaba )
Swara tanpa rupa  :  ( palaran Sinom )
Joko kaiman rungokna, iki wangsite Hyang Widhi, yen sira trahing kusuma, kudu kendel angadhepi, dadi pesthining Gusti, mengko bakale pikantuk, iki dalane kamulyan, bakale madeg narpati, Gajahendra iku piandeling praja.
Joko Kaiman ( wedhar semedi )
Urung suwe anggonku ngeningake cipta, ana swara dumeling ing talinganku. Swarane sapa ? kamangka ing kene papan kang sepi. Loh iki koh ana pusaka gumlethak ing pangkonku…. Pusakane sapa iki?
Ki Tolih
Ngger…. Joko Kaiman…. Aku kang mrepeki jeneng sira kulup….!
Joko Kaiman
Loh….. paduka sinten. Datan suwawi sampun teng ngajeng kula?
Ki Tolih
Ya , ngger… aja dadi kageting atimu. Aku kuwi kalebu  kawula ing tlatah kene bae. Yen kowe durung mangerteni, ya aku iki Ki Tolih…!
Joko Kaiman
Ki Tolih..?      lajeng wonten wigatos punapa  rawuh lan nyaketi kula? Lajeng kula kedah sesambat pripun dhateng paduka, Ki..?
Ki Tolih
Kowe mernaha marang aku… Uwa….bae!
Joko Kaiman
OOO nggih wa….. nyuwun pangapunten kula nembe mangertos.!
Ki Tolih
Ngene ngger, pun Wa wis mangerteni krenteging atimu lan ngerti apa sing nembe kedadiyan iki. Pusaka sing ana pangkonmu coba jupuken….nyedhaka mrena bakal dak jarwani.
Joko Kaiman
Nggih Wa, kula mboten mangertos punika pusakane sinten? Wujud keris tanpa wrangka.
Ki Tolih
Ya ngger, kuwi keris kagunganku jenenge Kyai Gajahendra, pancen wis dadi kudrating Gusti, yen keris kuwi kudu dadi piandelmu. Ya sarana ngagem pusaka kuwi muga-muga gegayuhanmu bakal kasembadan.  Sedhela maneh kowe arep dadi putra mantune Adipati Wargoutomo ing Warasaba. Piwelinge pun wa, kowe kudu tansah tumindak becik, sabar lan narima sinartan laku adil lan wicaksana. Ya sliramu kang bakal ngrembakaake kadipaten Wirasaba, ngger. Sadurunge kowe kapundhut mantu ing Wirasaba, kowe sowane marang Ki Mranggi, nyuwun wrangka kang jumbuh karo keris iki. Wis ya ngger… pun Wa bakal nerusake laku. Muga-muga kowe manggiha rahayu…..!
Joko Kaiman
Nggih Wa… matur gunging panuwun
Ki Tolih ( lengser pamit )
Sing ngati-ati Joko Kaiman……!
( Tutup Kelir )
ADEGAN II
Perjalanan Demang Toyareka bersama putranya ( Joko Mangun) dan pengawal akan menuju ke Kesultanan Pajang.  Demang Toyareka merasa disakiti oleh Adipati Wirasaba karena telah menceraikan putranya dengan putrinya ( Rara Sukartiyah)  yang sudah dijodohkan sejak kecil. Mereka akan mengadu dan minta peradilan ke Pajang. Dalam perjalanannya bertemu dengan rombongan Ki Wargoutomo yang akan mempersembahkan putrinya ke Pajang. Terjadilah perselisihan antara pengawal Toyareka dan pengawal Wirasaba. Akhirnya mereka bersimpangan jalan.
Ki Toyareka
Wis padha mandheg dhisit, ngger…..!
Joko Mangun
Nggih Rama…. Kula mpun radi sayah anggenipun mlampah.
Ki Toyareka
Ya ngger…… Jagawana apa dene kowe  Surawana … padha ngaso sawetara, kanggo ngesatake riwe, mengko yen wis ngaso diterusake lakune..!
Jagawana
Nggih Ki Demang…. Kula nggih mpun rumaos kesel niki lah……banyune nggih mpun bedhe telas koh.
Surawana
Nggih KI Demang….. kamangka mboten wonten warung..!
Ki Toyareka
Wis aja mikirake babagan sangu… sing baku aku kabeh kudu engal tumeka ing Pajang. Senajan dilakoni nglangsur-nglangsur ya kudu padha gelem.
Joko Mangun
Nggih, Ma…… napa taksih tebih nggih….. kinten-kinten pinten dinten malih dumugi Pajang?
Ki Toyareka
Ora suwe…… ora nganti pitung dina bakal tumeka ing Pajang. Senajan kesel ya kudu dilakoni. Kabeh iki kanggo dalan kamulyanmu, ngger..!
Jagawana
Nuwun sewu, Ki….. kula dereng mangertos sedya Ki Demang tindak Pajang, sajatosipun wonten babagan punapa KI?
Surawana
Nggih, Ki…. Kula nggih dereng mangertos, badhe wonten wigatos punapa dhateng Pajang, Ki?
Ki Toyareka
Ngene….. kowe ra wis padha ngerti…. Wektu iki Sultan Hadiwijaya nimbali Adipati Wirasa supaya nyowanake Rara Sukartiyah arep didadekake palar-lara ing Pajang. Kamangka Sukartiyah kuwi raw is dadi bojone anakku Si Mangun, ya dadi mantuku. Wektu semono Sukartiyah ora gelem kembul karo anakku, wusana pisahan. Manut panemune Adipati Wirasaba jarene ora kena dilakoni awit esih nunggal Kaki lan Nini.
Jagawana
Niku nggih leres Ki….. ujare para Kyai taksih muhrim…. Mboten kenging!
Loh…. Kowe malah mulang marang aku…..?.... aku ya ngerti. Nanging anakku wis kebacut seneng..! wong tuwa kudu manut karepe anak. Kejaba kuwi.. Adipati Wirasaba wis ngilani dhadhaku…. Ngremehake Demang Toyareka…! Aku rumangsa diasorake…. Aku ora trima….!
Joko Mangun
Nggoih, Ma…. Nanging mangke menawi Rara Sukartiyah manggen teng Pajang, kula mboten saged dhaup malih, lajeng kula kedah mados tiyang sanes?
KI Toyareka
Mangun…! Perkara Sukartiyah cumondhok ing Pajang.. wis ora perlu dipikir…. Wong wadon ora mung siji. Apa maneh kowe trahing Demang….. ketrununane wong luhur… aja kuwatir. Aja kuwatir!
Joko Mangun
Lajeng kerasane Rama kados pundi…?
Padha rungokna sing genah…… sing jenenge Palara-lara kuwe, syarate kudu wong wadon sing esih prawan. Kamangka rara Sukesih wis nate dadi bojomu… ateges dudu prawan maneh. Mesthi Kanjeng Sultan ora bakal nampa ature Adipati Wirasaba. Mengko aku bakal matur apa anane, Adipati Wirasaba bakal dak wirtangake, yen perlu supaya dipidana dening Sultan pajang.
Surawana
Oooo.. kados niku kersane?
Ki Toyareka
Mula.. ayuh…. Padha nerusake laku…….( Krungu swara prajurit nekani )
Coba…. Kae kaya prajurit Wirasaba….. wis ngene bae, aku karo Mangun padha ndeli…. Wis enggal perthuken prajurit mau…..yen ora kuwawa, mengko padha nyimpang dalan aja nganti kadenangan Adipati warga Utama.
Jagawana/Surawana
Nggih KI…. Ngestokaken dhawuh badhe kula ayahi.
( Ki Toyareka Joko Mangun ndelik, tekane prajurit Wirasaba )
Prajurit ( Panggah)
Heh… ki Sanak…. Kowe lagi padha ngapa mapan ing kene, haha?
Prajurit ( Puguh)
Ya…… aja padha ngalang-alangi lakuku…….padha minggir kabeh..!
Jagawana
Ha..ha.ha..ha……… arep minggir apa orane kuwi karepku….. dalan iki sapa bae kena liwat kene…. Aku ya duwe hak mlaku… semana uga kowe sakeloron.
Surawana
Wis kakang…. Ora perlu kakehan omong….. dicegat bae.!
Panggah
Sembrana kowe…. Ngertia ki Sanak… aku sakeloron bakal ndherekake Gustiku Adipati Wargautomo tumuju Pajang….. kowe aja nyegah kang dadi lakuku.
Puguh
Ya… minggir aja ngalang-alangi  lakune Gustiku…..gelem minggir apa ora..!
Jagasura
Gelem minggir yen wis bisa ngrungkebi layonku…. Ayuh tandingana aku……!
( Dadi pasulayan…… Jagawana lan Surawana keplayu, padha nyimpang dalan )
( Tutup Kelir )
ADEGAN III
Kesultanan Pajang. Sultan Hadiwijaya dan Permaisuri, dihadapkan Patih Manca Praja, Tumenggung Wilamarta dan beberapa prajurit sedang membahas tentang Adipati Wirasaba yang akan mempersembahkan putrinya yang akan dijadikan “ Garwa Selir “. Tak lama kemudian datanglah Adipati Wirasaba bersama putrinya ( Rara Sukartiyah). Sultan Hadiwijaya menanyakan status Rara Sukartiyah. Oleh Wargoutomo dijelaskan bahwa putranya itu tidak punya suami dan belum pernah hidup bersama dengan pria manapun. Apa yang disampaikan Wargoutomo diterima oleh Sultan Pajang. Adipati Wirasaba mohon diri untuk meninggalkan Pajang. Rara Sukartiyah supaya istirahat menuju keputren. Tak lama kemudia ada laporan dari prajurit jaga, bahwa ada 2 (dua) orang tak dikenal sedang berpanas-panasan di tengah alun-alun, yang akan menghadap Sultan. Atas ijin baginda, orang tersebut supaya menghadap. Demang Toyareka dan Joko Mangun menghadap dan menceritakan status yang sebenarnya tentang Rara Sukartiyah. Betapa marahnya Sultan Hadiwijaya . Baginda mengutus seorang prajurit ( Wirapati ) untuk segera menyusul Adipati Wargoutomo. Dimanapun berada supaya dibunuh karena dianggap telah menghina Sultan Pajang. Demang Toyareka dan Joko Mangun berpamitan. Kemarahan Sultan Hadiwijaya dapat diredakan oleh Patih Mancapraja. Baginda Sultan supaya menanyakan langsung kepada Rara Sukartiyah. Setelah menghadap, Rara Sukartiyah menceritakan keadaan dirinya. Dia memang pernah dijodohkan dengan putra Demang Toyareka tapi tidak pernah mencintai atau berkumpul bersama apalagi bersentuhan. Statusnya masih gadis. Sadarlah Sultan Hadiwijaya. Baginda telah tergesa-gesa menerima pengaduan dari Demang Toyareka. Akhirnmya Sang Baginda Sultan mengutus prajurit ( Wirayuda)  supaya menyusul utusan yang pertama agar niatnya membunuh Wargoutomo diurungkan atau dibatalkan.
Sultan Hadiwijaya
Kakang Mancapraja…… apa padha becik pisowane kabeh para nayakaning praja , kakang…!
Patih Mancaapraja
Nggih, Kanjeng…. Sowan kula tansah pinanggih basuki.. namung bekti kula kemawon katur, Kanjeng!
Sultan hadiwijaya
Ya… dak tampa, tiba sepadha-padha kakang. Lungguh kang prayogo Kakang Patih..!
Prameswari ( Ratu Mas Cempa )
Semanten ugi kula kanjeng Sultan….. ingkang garwa kula nggih caos bekti katur panjenengan kangmas..!
Sultan Hadiwijaya
Yoh… garwaku sing dak tresnani…. Banget panarimaningsun diajeng, semana bektimu marang pun kakang. Muga-muga bisa dadi patuladhan kabeh para wanita ing Pajang, tansah bekti marang kakunge.
Prameswari
Nuwun inggih Kangmas,….. mangestokaken dhawuh.
Sultan Hadiwijaya
Lungguh sing prayogo diajeng…..!
Prameswari
Nuwun inggih……!
Tumenggung Wilamarta
Nuwun sewu, Kanjeng….. kula pun Wilamarta nggih ngaturaken sembah bekti mugi konjuk kanjeng Sultan…!
Sultan Hadiwijaya
O..o..oo.. kowe Tumenggung Wilamarta?... yoh wis dak tampa pangestuku bae tampanana ya.. lunguh kang prayogo!
Wilamarta
Nuwun inggih, kanjeng…. Ngestokaken dhawuh.
Wirapati ( Prajurit )
Ingkang abdi.. Wirapati atur bekti konjuk kanjeng Sultan….
Sultan Hadiwijaya
Kowe prajurit pengapit?..... yow is dak tampa lungguh sing prayogo..!
Wirayuda
Semanten ugi kula Kanjeng… ngaturaken sembah bekti mugi konjuk..!
Sultan Hadiwijaya
Kowe ya prajurit pengapit?..... yo bektimu dak tampa, padha lungguh sing prayoga.
Wirapati/Wirayuda
Nuwun inggih Kanjeng…!
Sultan Hadiwijaya
Bali marang kakang Mancanegara apa dene diajeng garwaku….! Kabeh bae ya.!
Sengaja dina iki ingsun nganakake pisowanan. Awit ing dina iki wis ditentokake menawa Adipati Wargautomo ing Wirasaba bakul sowan ngaturake putrane minangka dadi palara-lara ing Pajang.  Apa wis ana pawarta, rawuhe Adipati Wirasaba, Kakang Patih..!
Manacapraja
Nuwun inggih, kanjeng….. mangga dipun antu kemawon, mugi-mugi bidhalipun Adipati Wirasaba dumugi Pajang mboten manggih alangan, Kanjeng.!
Sultan Hadiwijaya
Ya.. kakang… muga-muga bae ora sisip saka sedyane, dina iki Wargoutomo sowan ing Pajang.
( Sowane Adipati Wargoutomo )
Wargo Utomo
Kula ingkang sowan kanjeng……!
Sultan Hadiwijaya
Kaya sowane…. Wargoutomo…! Lungguh kang prayogo yo..!
Wargoutomo
Ngestokaken dhawuh……saderengipun kula matur, sepisan kula ngaturaken bekti konjuk kanjeng Sultan.
Sultan Hadiwijaya
Yo…. Wis dak tampa… tiba sepadha-padha….. lah bocah wadon kuwi sapa…?
Wargoutomo
Nggih… nyuwun ngapunten.. punika anak kula pun Rara Sukartiyah…….ngger ngaturake bekti ya….!
Sukartiyah
Inggih sinuwun….. name kula Sukartiyah….. kula ngaturaken sembah bekti mugi konjuk..!
Sultan Hadiwijaya
Oooo ya…. Wis dak tampa lungguh kang prayogo..!
Sukartiyah
Ngestokaken dhawuh, kanjeng.
Sultan hadiwijaya
Ngene… Ki wargoutama….. sowanmu iki apa jumbuh karo sing nate ko aturake wektu semono?
Kowe bakal ngaturake palara-lara ing Kasultanan Pajang? Njur sapa sing arep ko aturake?
Wargoutama
Nggih… goroh waleh kanjeng, ingkang badhe kula aturaken minangka palara-lara mboten sanes nggih anak kula Sukartiyah punika…!
Sultan Hadiwijaya ( Kaget lan bungah )
Oooo.. dadi putramu kuwi sing arep didadekake palara-lara ? Nanging aku kepenging ngerti apa bener putramu kuwi esih legan? During nduwe garwa ?
Wargoutomo
Leres Kanjeng… anak kula punika mboten gadhah bojo, dereng nate kembul kalih priya, kanjeng!
Sultan Hadiwijaya
Yen ngono esih dhewek……! Apa ya pancen wis gelem didadekake palara-lara ing Pajang!
Wargoutomo
Nggih leres kanjeng… anak kula taksih prawan dereng gadheh semah… lan mpun rila dipun dadosaken palara-lara wonten Pajang mriki, Kanjeng.
Sultan Hadiwijaya
Ya..ya… matur gunging panuwun Ki Dipati……apa bener Sukartiyah?
Sukartiyah
Nggih kanjeng… kula purun lan mandar bingah sanget managgen wonten Pajang…!
Sultan Hadiwijaya
Yen ngono… owe dak trima dak dadekake palara-lara ing Pajang. Mesthine kowe sayah lunga saka Wirasaba.. mula wis kono mlebu taman keputren. Diajeng… dherekna Sukartiyah supaya ngaso ndhisik ing keputren.!
Prameswari
Ngestokaken dhawuh, kangmas…. Ayuh ngger..dak dhereke   mlebu keputren…!
Sukartiyah
Nggih….. matur nuwun…….pamit rama…..!
Wargoutomo
Sing ngati-ati ngger.
( Prameswari.. Sukartiyah mlebu keputren …. Gending sirep )
Wargautama
Nuwun sewu Kanjeng, mbok bilih sampun cekap, kula nggih badhe nyuwun pamit wangsul dhateng Wirasaba.!
Sultan Pajang
Loh…. Kok kesusu… mbok sare bae ana pajang.. aja tulak…kondur ngesuk bae..!
Mancapraja
Ya… sang Ki Dipati…. Aja tulak… kondur ngesuk bae.. nyare ana kepatihan ya kena.!
Wargautomo
Nyuwun ngapunten Kanjeng lan Ki Patih, sanes wekdal malih kula sowan mriki ngiras pantes mertinja kawontenan anak kula suklartiyah. Kula naming ndherek titip anak kula masa boronga kanjeng.
Sultan Pajang
Ya Ki Dipati….. Sukartiyah wis ana panguwasningsun… aja kuwatir….
Wargautomo
Nyuwun pamit kanjeng..!
Sultan Pajang
Ya…. Sing ngati-ati……..
(Gending suwuk )
Mancapraja
Kula ndherek remen kanjeng, rara Sukartiyah punika lare saking njawining praja nanging gadhah subasita lan tata karma, kanjeng
Sultan Pajang
Ya kakang Patih…… kabeh mau gumantung panggulawentahe wong tuwa. Yen wong bisa paring piwulang marang anak ya mestine bisa dadi bocah sing ngerti marang tata krama, kakang.
Mancapraja
Nggih Kanjeng… pantes dados patuladhan.
Wilamarta
Nuwun sewu kanjeng, kados wonten prajurit ingkang badhe sowan….!
Sultan Pajang
Yo didhawuhi sowan mrene….  Bakal dak dangu ana wigati apa.!
( Sowane prajurit njaba…….gendhing sirep  )
Prajurit
Nuwun sewu Kanjeng… kepareng kula atur priksa. Bilih wonten alun-n Pajang punika wonten tiyang saweg pepanasan, lan badhe sowan …. Napa kepareng kanjeng..!
Sultan Pajang
Yo… wis diaturi sowan bae…..!
Prajurit
Nggih… ngestokaken dhawuh..!
( Sowane Ki Toyareka lan Joko Mangun  )
Sultan Pajang
Kakang Mancapraja… aku nembe pirsa pawongan iki….. coba didangu, kakang.!
Mancapraja
Nuwn inggih, kanjeng……. Heh ki Sanak….. nembe iki aku weruh slirane sakeloron, sapa kang dadi jenengmu, lan saka ngendi… banjur duwe karep apa… tanpa tinimbalan sowan ing Pajang!
Ki Toyareka
Nuwunsewu….. ingkang kagungan Panguwaos wonten Pajang punika sinten..!
Mancapraja
Sing duwe panguwasa ya Kanjeng Sultan Hadiwijaya… loh karepmu priye..?
Ki Toyareka
Gandheng sing kagungan panguwasa niku Kanjeng Sultan Hadiwiwijaya, kula mboten mbetahaken dhawuh panjenengan…? Njenengan ra patih… nggih…nggih..?
Wirapraja
Ya bener… drajatku mung patih… nanging aku nampa dhawuh supaya ndangu kowe…!
Ki Toyareka
Paring dhawuh rak menawi priyayine mboten wonten mriki..! lah wong Kanjeng sultan mawon teng ngajeng kula…! Kula badhe matur mawon… mboten perlu lantaran…!
Mancapraja
Lah.. wong koh ngeyel….. ora ngerti tata karma…iki pisowanan loh….aja sekarepe dhewek.
Milamarta
Ki Sanak….. aja sekarepe dhewek angonmu matur….. iki pisowanan agung loh!
Ki Toyareka
Kula ngertos… kula ngertos…. Niki pisowanan Pajang… mula kula badhe sowan lan matur dhateng Kanjeng Sultan..!
Sultan Pajang
Wis kakang patih….. tumenggung…… aja padha padudon… kabeh padha mendel, ingsun dhwek kang bakal paring dhawuh.
Mancapraja
Nggih mangga kanjeng..!
Sultan Pajang
Ki Sanak…… nembe iki ingsun ketemu karo kowe…. Sapa jenengmu, saka ngrendi asalmu lan duwe karep apa sowan ing Pajang kene?
Ki Toyareka
Nggih.. nggih kanjeng… saderengipun kula ngaturaken bekti katur…… dene name kula Demang Toyareka kalebet wewengkon Wirasaba  lah niki anak kula lanang jenenge Mangun…!
Sultan Pajang
Jenengmu Toyareka…. Pangkate Demang… kuwi anakmu.. Mangun…!
Mangun
Nggih name kula Mangun, Kanjeng…. Kula ngaturaken bekti
Sultan Pajang
Ya.. wis dak tampa…… njur ana wigati apa kowe padha sowan ing Pajang kene…. Kamangka nembe bae Adipati Wirasaba ya Gustimu rawuh kene.. mandar saiki wis pamit kondur…!
Ki Toyareka
Lah… niku sing badhe kula aturaken…..gegayutan kaliyan rara Sukartiyah ingkang sampun dipun sowanaken..!
Sultan Pajang
Gegayutan karo Sukartiyah…. Karepmu priye…? Gawe bingung bae..!
Mancapraja
Ki Demang….. matura sing cetha aja cengangas-cengenges…..!
Ki Toyareka
Ngaten kanjeng….. mesthine Kanjeng Adipati Wargoutomo mpun matur, menawi Rara Sukartiyah niku dereng kagungan bojo, taksih prawan….? Nggih to?
Sultan Pajang
Ya bener manut ature Adipati Wirasaba, lan ingsun ya wis ndangu marang Sukartiyah yen dheweke ora kagungan bojo lan esih Kenya utawa prawan..!
Ki Toyareka
Lah…. Njenengan niku mpun diapusi… mpun diapusi dening Adipati Wirasaba…..!
Mancapraja
Toyareka…. Aja ngayawara aturmu…… aja sembrana kowe
Ki Toyareka
Nuwun sewu kanjeng.. kula badhe crios…. Kula badhe matur…. Badhe dipun pidhangetaken nggih monggo, mboten nggih monggo…!
Sultan Pajang
Wis matur sing cetha…… supaya kabeh gamblang…!
Ki Toyareka
Ngaten kanjeng…. Kula niku kapernah sedherek neme Adipati Wirasaba, nalika anak kula Si Mangun  taksih alit niku mpun kula jodhokaken kaliyan Rara Sukartiyah. Dumugi dewasa… ancas kula niku badhe kula dhaupaken… anak kula nggih mpun purun… rara Sukartiyah nggih waune purun…. Nanging duki sepriki Sukartiyah mboten purun nglanggati.
Sultan Pajang
Dadi anakmu kuwi wis dijodhokake karo Sukartiyah putrane adipati Wirasaba…..!
Toyareka
Nggih Kanjeng….. ature Adipati Wirasaba niku goroh…. Goroh . alias ngapusi…. Niku mboten leres. Ana ratu koh dilombo dening adipati….!
Sultan Pajang ( duka yayah sinipi/ ngadeg  ……)
Keparat….. yen ngono Adipati Wirasaba wis gawe wirang karo Sultan Pajang….. ngina karo Hadiwijaya…. Heh prajurit…..! mumpung during adoh….. susulen Adipati Wargautomo… ning ngendi bae ketemune patenana..!
Wirapati
Sendika kanjeng… nyuwun pamit..!
Ki Toyareka
Nuwun sewu kanjeng… gandheng mpun cekap…. Kula nyuwun pamit……!
Mancapraja
Kula aturi sareh penggalihe Kanjeng….. mangga kula aturi pinarak.
Sultan Pajang
Kakang……. Ora ngira yen Adipati Wirasaba ngapusi marang ratu…..!
Milamarta
Kanjeng… mangga kula aturi ngleremaken penggalih…. Mangga kula aturi ngunjuk rumiyin supados lejar penggalihipun.
Sultan Pajang
Ya kakang……..hm…. arep nemoni lelakon apa ing Pajang iki….?
Mancapraja
Nuwun sewu Kanjeng…… cobi panjenengan ndangu lan nyuwun priksa ingkang permati dhateng rara Sukartiyah… supados perkawis punika langkung gambling, kanjeng.
Sultan Pajang
Ya…. Wirayuda…. Mlebua keputren… timbalana Rara Sukartiyah supaya sowan..!
Wirayuda
Nuwun… ngestokaken dhawuh
( Sowane Rara Sukartiyah karo utusan )
Sultan Pajang
Sukartiyah….. aja kaget kowe dak timbale sowan…. Ingsun bakal takon sing sabenere. Wangsulana sing jujur. Apa bener kowe wis nduwe bojo…… apa kowe wis dadi mantune Ki Demang Toyareka lan didhaupake karo Mangun…!
Mancapraja
Matura ngger….. sing cetha… sing gambling… aja rikuh pekewuh… matur apa anane.!
Sukartiyah
Nggih kanjeng….. saderengipun  mbok atur kula lepat nyueun pangapunten. Ngaten Kanjeng.
Blaka mawon.. bilih wiwit alit kula niku nate dijodhokaken kaliyan putranipun Paman demang Toyareka ingkang name Mangun… punika taksih sedherek kula. Waunipun kula mboten ngertos napa-napa. Wekdal semanten kula badhe dipun dhaupaken… nanging kula mboten purun… kula dipeksa-peksa nggih mboten saged.. wong kula mboten tresna…. Kejawi punika..si Mantun taksih kapernah adhi kula, amargi putrane Paman kula piyambak. Ngantos sepriki kula dereng nate kembul…… pengantenan nggih dereng napa malih sesarengan. Pianggihan mawon mboten nate koh….
Sultan Pajang
Yen ngono…. Kowe rumangsa dijodhokake.. nanging kowe ora gelem?  Durung nganti didhaupake?...priye iki kakang Patih?
Mancapraja
Lah…. Punika kasunyatan Kanjeng…. Manut pemanggih kula… Sukartiyah niku dereng wonten ingkang mengkoni….. ature Ki Toyareka niku mboten leres…!
Sultan Pajang
Yaw is kakang…. Yen ngono aku sing kleru… Wirayuda…. Aja kesuwen, susulana kadangmu Wirapati. Wargautomo aja kongsi diperjaya… wis enggal mangkat….!
Wirayuda
Nggih…. Ngestokaken dhawuh… nyuwun pamit…!
( Tutup kelir )

ADEGAN IV
Adipati Wirasaba bersama abdinya sedang dalam perjalanan pulang ke Wirasaba. Karena lelahnya Sang Adipati singgah di rumah kerabatnya yaitu Ki Bekel Bener.
Abdi dagelan 1
Abdi dagelan 2.... dst
Adipati Wargautomo
Paman sakarone.... wis cukup anggone padha ngaso.... saiki mayuh padha dibacutake kondur menyang Wirasaba.
Abdi dagelan
Punapa sampun ketampi Ndara Rara Sukartiyah dening Kanjeng Sultan, ndarane...?
Adipati Wargoutomo
Ya wis ditampa kanthi renaning penggalih, paman.... ngene bae paman...... nek ora kleru iki kalebu wewengkon Bener..... aku njur kelingan duwe kadang sinarawedi asmane Ki Bekel Bener.; sadurunge kondur tumeka Wirasaba, mayuh padha mampir dhisik ing daleme Ki Bekel Bener.
Abdi Dagelan
Mangga ndarane..... keleresan kula mpun ngelih sanget niki koh......!

ADEGAN V
Ki Bekel Bener dan istrinya bersama pembantunya sedang  persiapan akan mengadakan syukuran hasil panen dengan memasak Pindang Banyak. Tak lama kemudian datanglah Adipati Wirasaba yang singgah ke rumahnya. Betapa senang keluarga Ki bener kedatangan sahabatnya yang sudah lama tidak berjumpa. Sang Adipati dipersilakan duduk di Balai Malang, disuguh Pindang Banyak, kebetulan hari itu adalah hari Sabtu Pahing. Sambil menikmati hidangan, mereka bercerita tentang keadaan daerah masing-masing
Ny Bekel ( sinambi ngelapi meja lan nata kursi )
Nek tek rasa-rasa, pegaweane wong wadon ora nana rampunge, kiye sing jenenge wong wadon. Angger ngawan go kethiplak, angger mbengi nggo umpak. Tapi ya keprimen maning wis dadi nasibe.
Aku ya seneng senajan mung dadi bojo bekel, cara sekiye ya bojo lurah. Nrima mung ngendelna panen, kuwe bae angger lagi ora nana ama.  Sarti..... sarti......
Sarti
Nggih Nyai...... wonten dhawuh..... kula saweg umbah-umbah teng wingking. Wonten napa nggih?
Ny Bekel
Ngene Sarti..... karo nunggu Ki Bekel kondur saka sawah, aku arep takon.... pegaweyane apa wis rampung kabeh?
Sarti
Sampun Nyai.......anggen kula masak mpun rampung sedaya, niku pindang banyake nggih mpun kula cawisaken. Lalaban.... sambel..... wedang.... lah mpun sedaya. Sampun kewatir. Pokoke beres.
Ny Bekel
Ya syukur....... ya kaya kuwe dadi rewang kudu sing cemawis, kudu ngerti maring pegawean. Apa maning mengko sore tangga-tangga arep padha teka mrena kanggo sukuran. Lah kae... kaya swarane Ki Bekel kondur....!
Sarti
Nggih..... leres Nyai..... kula teng wingking riyin nggih? Ngrampungaken pedamelan.
Ny Bekel
Ya wis kono..... menyang mburi maning...
Ki Bekel
Sajak lagi padha kandhahan Nyai..... apa wis padha rampung pegaweyane?
Ny Bekel
Ya wis kabeh, Pak Ne...... dhaharan, apa dene lawuh medang kanggo sukuran wis dicawisna.
Ki Bekel
Lah.... klangenanku Pindang Banyak wis diolahi apa durung?
Ny Bekel
Ya wis Pakne....... kabeh wis rampung, mung gari nunggu wektu. Kiye nembe arep bedhug, sukurane ra mengko jam ba’da asar?
Ki Bekel
Bener Nyai...... kiye mung kanggo tandha syukure aku kabeh, wis diparingi nikmat panen sing cukup lumayan, mulani dek undang tangga-tanggane supaya melu ngrasakena hasil panene.
Ny Bekel
Ya Pak..........aku ya bungah. Panene tahun kiye madan lumayan
Ki Bekel
Loh.... kae Nyai ... kaya ana tamu sing arep mlebu... coba dibukakna lawang...!
Ny Bekel
Ya pak....... monggo.... monggo mlebet.......
( Rawuhe Adipati wargoutomo  )
Wargoutomo
Aku sing sowan Ki Bekel…….. ora pangling karu aku to, Ki?
Bekel Bener
Wah……… kula radi kesupen……mangke rumiyin……. Yen mboten klentu, panjenengan niku Raden Bagus Suwargo ing Wirasaba?
Wargoutomo
Pancen bener ngendikamu Ki…… aku Bagus Suwargo….. sing wis nggenteni palungguhane Kanjeng Rama Adipati Surohutomo… dene aku gumanti jeneng Adipati Wargoutomo !
Bekel  Bener  ( Kaget )
Adipati Wargoutomo..!  ….. wah syukur…. Dene panjenengan sampun nglungguhi Kadipaten Wirasaba., nggih mangga… kula  aturi pinarak ingkang sekeca.
Wah…. Nyai….. ora ngira dina iki awake dhewek kerawuhan tamu agung saka Wiorasaba.
Nyi Bekel
Ya Ki…… seneng banget aku……. Ing atase wong cilik dirawuhi priyayi agung……?
Wargoutomo
Ya Ki……. Wis ora perlu rikuh pekewuh, aja padha mbedak-mbedakake, antarane aku kore sampeyan niku padaha-padha manungsa, ora perlu ngegungake , Ki.
Ki Bekel
Nggih Kanjeng….. sianosa kados pundi, panjennengan niku pepundhen kula, senajan rumiyin niku nggih asring dolan sareng….. pados ngelmu sareng. Niiing… drajat pangkat niku tetep wonten bedanipun.
Ny Bekel
Nggih Kanjeng Dipati…. Rawuh panjenengan wonten grioya kula niki… jaaaan.. damel kaget lan mongkoking manah kula. Kados ketiban ndaru…..ra ngono Ki….?
Ki Bekel
Bener Nyai…… ora saben kawula dirawuhi wong agung……ateges awake dhewek iki antuk kanugrahaning Gusti Allah, Nyai….! Lajeng mentas tindak pundi… punapa sengaja mertinjau wonten mriki Kanjeng?
Wargoutomo
Ngene Ki….. Aku nembe bae sowan ing Pajang… nyowanake anaku si Sukartijah minangka dadi palara-lara ing Pajang, saka pamundhute Sultan Hadiwijaya, gandheng rada sayah, aku melu ngaso dhisik ana kene..!
Ki Bekel
Waah….. mentas tindak Pajang…?.... mesthine sayah, nggih mangga kula aturi lerem mawon wonten mriki. Syukur kersa nyare, kondure ngenjing-ngenjing mawon..!
Ny Bekel
Nggih Kanjeng…… menawi kersa nyare wonten mriki, kula langkung remen, menawi trimah bonggang-bonggangan…!
Wargoutomo
Maturnuwun Ki…… aku mung perlu ngaso sawetara….. mengko yen wis ngaso arep nerusake mantuk menyang Wirasaba.
Ki Bekel
O ya….. Nyai….. diaturi unjukan bae….. kebener iki wayahe dhahar siang, kae loh… pindang banyake dicaosna … padha kembul bujana bae…..!
Wargoutomo
Napa Ki….. pindang banyak……… kula nembe ngertos niku.
Ki Bekel
Nggih Kanjeng….. kula keleresan nembe mawon panen, mangke badhe ngawontenaken syukuran kaliyan para kadang tani wonten mriki. Bojo kula nembe mawon damel dhaharan pindhang banyak… menawi kersa nggih mangga mangke dipun dhahar.
Wargoutomo
Nggih ,Ki….. matur nuwun sanget…. Dados ngrepoti nggih?
Ny Bekel ( Mlebu, nyawisake pindhang banyak lan liya-liyane)
Mboten Kanjeng…… monggo pinarak riyin mangke kula cawisaken  dhaharanipun
Wargoutomo
Ya Ki… aku melu bungah dene para among tani ing kene tansah sengkud anggone ulah tetanen, muga-muga bae bias murakabi sakabehani
Ki Bekel
Nggih… mekaten ingkang kula suwun…. Awit nggih mung saking olah tani, para kawula saged nyekapi kabetahipun.
Ny Bekel
Mangga, Ki……… niku wis dek cawisake dhaharane..!
Ki Bekel
Nggih mangga, Kanjeng…. Kula aturi dhahar rumiyin……
Wargoutomo
Ya, Ki…… matur nuwun banget…………
( Tekane utusan/Wirapati….. arep merjaya Adipati Wirasaba, laku dhedhimikan  ngenteni Sang Adipati Rampung Dhahar, dumadakan teka utusan maneh /Wirayuda, aweh sasmita tangan. Salah penampa… wusana Wirapati ngunus pusaka banjur ditamakake menyang Adipati Wargoutama…… geger )
Wirayuda
Kakang Wirapati……. Kowe kepriye….. karepku aja diterusake……! Aku nampa dhawuhe Kanjeng Sultan. Supaya murungake sedyam,u…!
Wirapati
Lah…. Aku ora ngerti….. dak kira aku supaya enggal-enggal merjaya Kanjeng Adipati.
Wirayuda
Yen ngono….. mengko aku bakal kadukanan….. kowe sing dadi punjering perkara.
Wirapati
Ya udu aku…… kowe sing prentah……!
( Wusana dadi pasulayan)
Wargoutomo
Wis… wis….. aja padha pasulayan ….. aku wis nrima…… mbok menawa iki wis dadi p[epesthening Gusti…. Wis… padha nyedhak mrene.
Ki Bekel
Wadhuh, Kanjeng….. kula mboten mangertos napa-napa… malah wonten kedadosan kados ngaten….. kepripun niki….. piye iki Nyai……..?
Nyi Bekel
Ya Ki…… arep nemoni lelakon apa awake dhewek…….. Kanjeng Adipati kena tatu…….!
Ki Bekel
Heh prajurit……. Kula nyuwun miterang…. Kersane Kanjeng Sultan kepripun..!
Wirapati
Ngaten Ki……. Mboten dangu sakondure Kanjeng Adipati Wargoutomo saking Pajang, kedadak wonten tamu ingkang name Ki Demang Toyareka. Piyambake atur palapuran dhateng Kanjeng Sultan, menawi rara Sukesih punika sampun kagungan garwa. Kanjeng Sultan duka…. Rumaos diapusai dening Adipati Wirasaba. Pramila utusan dhateng kula…. Supados nyedani Kanjeng Adipati…!
Wargoutomo
Yen Ngono… kabeh mau polahe Ki Toyarteka….. hem……Ki Bener sawaragane….. heh prajurit….. sadurunge aku tumeka pati….. padha nyedhaka mrene, aku bakal aweh piweling m,arang kowe kabeh,  kaya wis titi mangsane aku….. aku bali menyang pengayunaning Gusti….. Ki…. Aturna menyang tedhak turun Wirasaba…. Aku aweh pepeling :
1.      Aja padha gawe umah sing wangune Bale Malang
2.      Aja padha gawe panganan Pindhang Banyak
3.      Aja padha lelungan ing dina Setu Pahing
4.      Aja padha ngingu apa dene numpak Jaran Dhawuk
5.      Aja padha bebesanan karo wong Toyareka
Wis….. wis andum slamet…… aku wis ora kuwaaaat……… astaghfirulloh….. laaa ilaaha ilalloooh…!
( KI Wargoutomo seda)
Ki Bener
Kabeh bae sing ana kene…….sedane Kanjeng Adipati mboke menawa wis dadi garising urip, mula mayuh mengko dadi atur menyang Wirasaba, Layone Kanjeng Adipati dirukti bebarengan.
Wirapati
Lajeng kula kedah kados p[undi, Ki Bekel..?
Ki Bekel
Panjenengan sami kondur mawon dhateng Pajang… matur apa anane…. Muga-muga kanjeng Sultan nglenggana marang lupute.
Wirayuda
‘Nggih Ki…… nyuwun pamit…..
( Tutup Kelir )


















Tidak ada komentar:

Posting Komentar